(Saking Ismail Bin Sholih)
Yang menyalin :
Ahmad Isa bin Mahfudz
RIWAYAT SINGKAT KYAI SHOLIH TSANI
BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIM
Kyai Sholih bin Kya abu Ishaq pak Madya petinggi desa Mayang bin Abu Jono ( demang Mayang ) bin Raden Maya Kerti bin Pangeran Peringgo Kusumo Bin Pangeran Benawa kapindo bin Pangeran Benawa sepisan bin Sulthon Pajamg Joko Tingkir bin Lembu Peteng bin Brawijaya Kaping Nem .
Kyai Sholih den lahiraken Ing Desa Ngerengel naliko tahun 1254 H, naliko tahun 1269 H . Ngaji Ing Kyai Basyir lan Kyai Musthofa Sampurnan . Naliko Tahun 1274 pindah marang Kedung Meduro . Naliko tahun 1279 H Rabi dadi mantune Kyai Musthofa Sampurnan, bakdane sema terus-nerusaken ngaji ono Pemakesan Maduro ono ngersane Kyai Ismail Pamekasan . Ingdalem Tahun 1281 Bali marang Sampurnan Anggelar Ilmu-Ilmune ono Ing Sampurnan .
Tur kurang luwih ingdalem tahun 1286 H lungo haji Tur leren Ing negoro Mekah luweh setahun nerusaken Tholabul Ilmi . Ono ngersane “Sayyid Umar Syato” lan poro ulama’ Ing negoro Mekah Ing dalem mongso iku .
Ingdalem Tahun 1287 H Balik marang Tanah Jawa . Anggelar Ilmu-Ilmune Ing Sampurnan hinggo di tekani pirang-pirang atusan Santri (murid) Saking Jawa Timur, Jawa Tengah, Jawa Barat Kang Sebelah Timur .
Naliko Tahun 1320 H. Intiqol ila Rohmatillah (Sedo) dadi Umure Kyai 66 Tahun ( waktu sedo )